--> Contoh syair dengan bahasa jawa | sesuatunews

Special Info jitu

22/10/12

Contoh syair dengan bahasa jawa

| 22/10/12
Contoh syair dengan bahasa jawa,bisa anda simak beberapa kata di bawah ini yang menyerupai puisi atau syair dalam bahaa jawa 

Umpomo aku biso ngambar lelakoning uripku
mungkin ora ono kedadean sing koyo mengkene
sak windhu punjul telung sasi aggonku nglampahi
lelakon urip sing tansah ono geganjelaning ati
Yowes tak lakonane opo sing dadi kekarepaning ati
Yen pancen iki wes dadi pestine marang Gusthi
Aku ora biso nolak lan mungkiri kedadean iki
Amung biso pasrah lan nrimo kenyataan wektu saiki
Aku percoyo lan yakin marang Gusthi
Aku mung diparingi pacobaning urip iki
Gusthi Allah ora pernah sare lan luweh ngerti marang umadte
Gusthi Allah maringgi pacoban wes di ukur kekuwatan umadte

sumringah jruning ati wes keroso mati
yen ngagas lan ngadang lelakon urip iki
cuwoning batin sing wes manjing jronimg ati
mugo-mugo ora kegowo tumekaning pathi
panggucapmu sing wes mrasuk lan kinulis jruning ati
tetep tak turuti lan tak ugemi snajanto abot jruning manah iki
Mugo-mugo aku diparingi iklas nompo kenyataan urip iki
Sak pungkure kedadean iki mugo-mugo diparingi kekuwatan marang Gusthi
Gedhe panyuwunku marang Gusthi Allah paringono ketentreman kito sami

Related Posts

Tidak ada komentar:

Posting Komentar